Upacara Hari Jadi Kabupaten Klaten 2023 SMP N 1 Pedan

 Upacara Hari Jadi Kabupaten Klaten 2023 (219) 

SMP N 1 Pedan


Klik di sini untuk kembali ke halaman utama

VIDEO UPACARA HARI JADI KAB. KLATEN 219

KLIK DI SINI UNTUK MELIHAT VIDEO UPACARA 

https://youtu.be/03oJ09xubaY


PHOTO 

KLIK DI SINI UNTUK MELIHAT ALBUM PHOTO

https://drive.google.com/drive/folders/1sNSdkrk9FP7j1V8hhfOlGIO-HtggNXu4?usp=sharing


RANTAMAN TITILAKSANA UPACARA MENGETI HADEGING KABUPATEN KLATEN INGKANG KAPING 219 

 I. PURWAKA ACARA / ACARA PENDAHULUAN 

a. Bregada sampun tinata wonten papan upacara (Pasukan sudah tertata di lapangan upacara). b.TAMTAMA BREGADA lumebet wonten ing papan upacara, kepareng mranata bregada. (Komandan kompi memasuki tempat upacara, dipersilahkan mengatur pasukan). 

 Beksan tari Srikandi Sang Putri Mahawira 

 UPACARA MENGETI HADEGING KABUPATEN KLATEN INGKANG KAPING 219, DINTEN SUKRA KASIH… SURYA KAPING 28 Juli WARSA 2023, KAWIWITAN. 

 c.MANGGALA BREGADA lumebet wonten ing papan upacara, bregada kasiagakna. (Komandan upacara memasuki tempat upacara, pasukan disiapkan). 

 TB : Bregada siaga, tandya. 

 MB : Para tamtama bregada, tumuju tengening bregada, katindakna. 

 TB : sendika. 

 d. Palaporan prawira tama upacara, dhumateng pangarsa upacara. (Laporan perwira upacara kepada Inspektur upacara). 

 PT : Caos uninga, lampahing upacara mengeti hadeging Kabupaten Klaten ingkang kaping 219 siaga kawiwitan. 

 PU : Katindakna. 

 PT : Siaga katindakna. 

 II. WOSING ACARA / ACARA POKOK 

 1. Pangarsa Upacara kasuwun jumeneng wonten ing papan pakurmatan, bregada kasiagakna. (Inspektur Upacara dimohon menuju mimbar upacara). 

 MB : Bregada siyaga, tandya. 

 2. Atur Pakurmatan bregada dhumateng pangarsa upacara dipun pandegani dening manggala bregada. Penghormatan kepada Inspektur upacara dipimpin oleh Komandan upacara. 

 MB : Dhumateng pangarsa upacara, karti sampika……, Tandya.! 

 MB : Sigeg………Tandya.!! 

 3. Atur Palaporan manggala bregada katur pangarsa upacara, bilih lampahipun upacara badhe kawiwitan. 5 (Laporan komandan upacara kepada Inspektur upacara, upacara siap dimulai). 

 MB : Caos Uninga, lampahing upacara mengeti hadeging Kabupaten Klaten ingkang kaping 219 warsa 2023 siaga kawiwitan. 

 PU : Katindakna. 

MB : sendika. 

 4. Para tamu kasuwun jumeneng sawetawis Ngeningaken cipta, dipun pandegani dening pangarsa upacara. (Mengheningkan cipta, dipimpin oleh Inspektur upacara). 

 PU : Ngeningaken Cipta…………. Kawiwitan .!! 

 Ngeningaken Cipta…………. cekap.!! 

 5. Waosan Pancasila dening Pangarsa Upacara miwah kaambalan dening sedaya penderek upacara. (Pembacaan Pancasila oleh Inspektur upacara ditirukan peserta upacara) Para tamu kasuwun lenggah. 

 6. Waosan Pembukaan Undang-undang Dasar Negara Republik Indonesia tahun 1945, (Pembacaan Undang-undang Dasar Republik Indonesia Tahun 1945) 

 Petugas : Caos uninga, Waosan Pembukaan Undang-undang Dasar Negara Republik Indonesia Tahun 1945 siaga. 

 PU : Katindakna. Petugas : sendika. Petugas : Waosan Pembukaan Undang-undang dasar Negara Republik Indonesia Tahun 1945, sampun kacekap . 

 PU : Matur nuwun, saged wangsul wonten papan ingkang sumadyo. 

 7. Waosan Seratan Hadeging Kabupaten Klaten (Pembacaan sejarah hari jadi Kabupaten Klaten). 

 8. Atur Waluyan pangarsa upacara (Amanat Inspektur upacara) 

 PU : Bregada kaleremno sahana. 

 MB : Bregada kaleremno sahana. Nyuwun kawigatosan, lerem sahana, tandya.! 

 MB : (cekap) Bregada siyaga, tandya.! 

 9. Waosan pujahastungkara. (Pembacaan Doa). 

 10. Atur palaporan manggala bregada katur pangarsa upacara. (Laporan Komandan upacara kepada Inspektur upacara). 

 MB : Lampahing upacara sampun paripurna, palaporan kacekap. 

 PU : Kabibarna.! 

 MB : sendika. 

 11. Atur Pakurmatan bregada dhumateng pangarsa upacara dipun pandegani dening manggala bregada. (Penghormatan kepada Inspektur upacara). 

 MB : Dhumateng pangarsa upacara, karti sampika……, Tandya.!! 

 MB : Sigeg……,Tandya.!! 

 III. PANUTUP / ACARA PENUTUP 

 12. Pangarsa upacara jengkar saking papan pakurmatan (Inspektur upacara meninggalkan tempat upacara.) 

 a. Palaporanipun prawira tama upacara. Laporan perwira upacara. 

 PT : Lampahing upacara sampun paripurna, palaporan kacekap. 

 PU : Kabibarna.! PT : sendika. 

 b. Upacara sampun paripurna, bregada saged dipun bibaraken (Upacara selesai, pasukan dapat dibubarkan)

 

SERATAN HADEGING KABUPATEN KLATEN 

     Tlatah Kabupaten Klaten nedahaken wewengkon kino. Pangertosan punika ngemu teges bilih sampun sawetawis dangu tlatah Klaten sampun dipun papani sanak sederek tiyang-tiyang makino kawiwitan saking jaman Hindu duk rikala semanten. 

     Hadegipun kraton-kraton zaman Hindu ing tanah Jawi, sesebatan Klaten sampun nate kapireng. Katerangan-katerangan kasebat saged kapanggihaken lumantar petilasan-petilasan agami Hindu miwah Budha kadosta wewujudan Candi miwah ubarampe makino. Sebatan padusunan-padusunan rikala semanten kadosta Dusun Pulowatu, Gumulan ing tlatah Kalikotes, Wadihati utawi Dusun Wedi, Mirah-Mirah utawi Dusun Muruh miwah Upit kang samangke ing rejaning zaman minangka cikal bakal Dusun Ngupit ing tlatah Kecamatan Ngawen nedahaken perangan sejarah kang nyawiji. Malah-malah ing Dusun Ngupit dipun kiyataken kanti wontenipun petilasan ingkang nyebataken tlatah Ngupit minangka tanah perdikan. Petilasan Ngupit kasebat nedhahaken sengkala surya kaping 11 (sewelas) wulan November Warsa 866 Masehi dening Raden Rakai Kayuwangi. 

     Rikala zaman Kraton-kraton Islam kadosta Demak, Pajang miwah Mataram tlatah Klaten kalebet tanah Negari Agung. Katerangan punika sinimpen ing sejarah kang sinerat ing dongeng-dongeng kino, seratan kino utawi katerangan gumathok sanesipun. Carios Kyai Melati dipun pitados dening para winasis minangka cikal bakal Kutha Klaten. Saking carios Kyai Melati punika ing samangke kapanggihaken tetembungan Klaten. Ananging sumbering sejarah kino lan zaman Walandi tetembungan Klaten dereng kapireng kumandangipun. 

     Tetembungan Klaten saweg kasebat dening sejarah, duk rikala tanah perdikan punika kapilih minangka papan hadegipun Benteng utawi Loji kang samangke dening bangsa Walandi kagem sumbering paprentahan. Benteng utawi Loji Klaten puniki 10 dening pangawak Walandi sinerat wonten seratan sejarah minangka tetenger kang miterangaken tlatah Klaten mujutaken paprentahan nagari ingkang mapan antawisipun Kasultanan Ngayogjakarta miwah Kasunanan Surakarta. 

     Hadeging Loji Klaten kang semanten minangka sumbering paprentahan, kaserat dening sejarah nedahaken sengkalan dinten Setu, surya 28 (wolu likur) wulan Juli warsa 1804 kang samangke kapitados minangka dinten hadeging Kabupaten Klaten. 

     Kawiwitan hadeging Loji Klaten punika sesarengan gumlingsiring zaman, Klaten kapilih minangka papan palereman para pangarsaning negari. Dinten madinten, Klaten tambah ngrembaka, kuncara miwah sumuwur temah kaserat ing sumber sejarah Klaten katetepno minangka Kabupaten Pangreh Praja ing surya kaping 12 (kalih welas) Oktober 1918 (sewu sangangatus wolulas) Masehi. 

     Jumbuh seratan-seratan sejarah kasebat, para kadang winasis kang kajibah ninting dinten hadeging Kabupaten Klaten netepaken bilih candra sengkalan kang mapan ing petilasan Loji Klaten kang sinerat dinten Setu Surya 28 Juli 1804 kapilih kiyat minangka dinten ageng hadegipun Kabupaten Klaten. Lelandasan Perda Nomor 12 warsa 2007, Pamarintah Kabupaten Klaten anetepaken bilih surya kaping 28 Juli minangka dinten hadeging Kabupaten Klaten kang samangke dipun mangayubagya sedaya warga masyarakat mliginipun keluarga ageng Pamarintah Kabupaten Klaten. 

 Waosan paripurna, matur nuwun.


WAOSAN PUJA HASTUNGKARA ING UPACARA HADEGING KABUPATEN KLATEN INGKANG KAPING 219 WARSA 2023 

 Assalaamu’alaikum Warahmatullaahi Wabarakaatuh; A’udzubillahi minasy syaithoonirrojim, Bismillaahirrahmaanirraahiim. Alhamdulillaahi robbil ’aalamiin, Hamdas syaakiriin hamdan naaimiin, hamdan yuwaafii ni’amahu wa yukaafiu maziidah. Yaa robbanaa lakal hamdu kamaa yambaghii lijalaali wajhikal kariimi wa ’adhiimi sulthoonik. Allahumma shalli’alaa muhammad wa ’ala ali muhammad. Warhamhum birohmatika yaa arhamaa roo himiin. 

 Duh Gusti Allah Pangeran kula ingkang Sugih Ing Pangalembana, Sesarengan sumunaring jagat ing rahina punika, kawula sedaya ngaturaken sakathahing pamuji miwah panuwun syukur, awit kanugrahan ingkang sampun Panjenengan suntakaken, satemah kawula sedaya saget anggelar “Upacara Mangubagya Adeging Kabupaten Klaten ingkang kaping 219 Warsa 2023” kanti rahayu wilujeng. Kawula nyuwun Duh Gusti Allah, Panjenenegan amberkahi miwah angayomi sedaya keluarga ageng pamarintah saha warga masyarakat Kabupaten Klaten, tebih saking balak bebendu, sedaya panggoda miwah pangrencana, cinaketing panggesangan ingkang bagya mulya jumbuh pitedah Panjenengan. Duh Gusti Allah Pangeran kawula ingkang Maha Welas miwah Asih Kawula pitados, bilih amanah miwah pakaryan angreksa bangsa lan negara punika, nedhahaken tanggel jawab ingkang awrat. Kawula nyuwun Duh Gusti Allah Panjenengan amaringaken kekiyatan lahir batin ingkang nuntun ati miwah nalar punika, tansah lumampah ing margi ingkang lurus kebak ing bebener. Tebihaken kawula sedaya saking laku dedosa lan maksiat. Mugi kepareng Panjenengan anedahaken cahya hidayah, satemah kawula sedaya saget anjejegaken paugeran adil, jujur lan amamah, mboten nalisir sedaya pepacuh Panjenengan. Duh Gusti Allah Pangeran ingkang Maha Pangapura Kula nglenggana, minangka titah sawantah kathah lepat miwah dosa. Kanti asoring manah kula nyuwun pangapunten Duh Gusti Allah awit dosa miwah kalepatan kawula sedaya. Mugi kepareng Panjenengan paring pangapunten dosa kalepatan tiyang sepuh kula sedaya, para leluhur, para pangarsaning negari, lumeber dumateng kawula sedaya, kulawarga ageng Pemerintah Kabupaten Klaten. Satemah kula sedaya saget minangka abdi negara ingkang jujur, tanggel jawab, miwah amanah nglajengaken lumampahipun wewangunan Kabupaten Klaten ingkang maju, mandiri miwah sejahtera 

 Robbanaa dholamnaa anfusanaa waillam tagfirlanaa watarhamnaa lana kuunanna minal khoosiriin, Robbanaa hablanaa min azwaajinaa wadzurriyyaatinaa qurrota a’yun waj’alnaa lil muttaqiina imaama. Yaa robbi yaa samii, ya batsir, ya aziz, ya ghofar, ya khayyul ya khoyyum, ya dzal jalali wal ikrom. Robbanaa aatinaa fiddunya hasanah wa fil aakhiroti hasanah waqinaa adzaabannaar. Subhaana robbika robbil’izzati ’ammaa yashifuun wasalaamun ’alal mursaliin, wal hamdulillaahi robbil ’aalamin. Mugi kepareng Gusti Allah Subhannahuta alla Ngijabi doa miwah panyuwunan kula sedaya. Aamiin. Bilahi Taufiq wal Hidayah, wa ridlo wa innayyah. 

 Wassalamu-’alaikum warahmatullahi Wabarakatuh.


KLIK DISINI UNTUK MENUJU KE HALAMAN UTAMA 


Comments